skip to main  |
      skip to sidebar
Home » 
Unlabelled » 
Belajar dari Wirid Wirayat Jati Ronggowarsito 
Banyak
 orang yang tidak tahu apa sih ilmu sejati itu? Banyak para salik yang 
mencari suluk untuk mendapatkan ilmu sejati yakni ilmu kasampurnan 
(kesempurnaan) hidup. Tidak ada salahnya jika kita belajar ilmu 
kasampurnaan hidup itu dari Raden Ngabehi Ronggowarsito dari Serat Wirid
 Wirayat Jati yang ditulisnya. Bagaimana ilmu kasampurnan itu?
Anênggih
 punika pituduh ingkang sanyata, anggêlarakên dunung lan pangkating 
kawruh kasampurnan, winiwih saking pamêjangipun para wicaksana ing 
Nungsa Jawi, karsa ambuka pitêdah kasajatining kawruh kasampurnan, 
tutuladhan saking Kitab Tasawuf, panggêlaring wêjangan wau thukul saking
 kawêningan raosing panggalih, inggih cipta sasmitaning Pangeran, 
rinilan ambuka wêdharing pangandikaning Pangeran dhatêng Nabi. Musa, 
Kalamolah, ingkang suraosipun makatên: Ing sabênêr-bênêre manungsa iku 
kanyatahaning Pangeran, lan Pangeran iku mung sawiji. 
(Inilah 
sebuah petunjuk benar yang menjelaskan ilmu sirr kesempurnaan hidup, 
yang berakar dari ajaran para ahli hikmah di tanah Jawa, yang hendak 
membuka hakikat kesempurnaan sejati, sebuah pelajaran kitab Tasawuf, 
ajaran ini terpancar dari kebersihan jiwa heningnya alam pikiran, yaitu 
tanggapnya rasa atas cipta Tuhan, dengan ikhlas mengawali pelajaran ini 
yakni dengan menukil Firman Allah pada Nabi Musa AS yang bermakna : Yang
 sebenar- benar manusia itu adalah kenyataan (adanya) Tuhan, dan Tuhan 
itu Maha Esa.)
Pangandikaning
 Pangeran ingkang makatên wau, inggih punika ingkang kawêdharakên dening
 para gurunadi dhatêng para ingkang sami katarimah puruitanipun. Dene 
wontên kawruh wau, lajêng kadhapuk 8 papangkatan, sarta pamêjanganipun 
sarana kawisikakên ing talingan kiwa. Mangêrtosipun asung pêpengêt bilih
 wêdharing kawruh kasampurnan, punika botên kenging kawêjangakên dhatêng
 sok tiyanga, dene kengingipun kawêjangakên, namung dhatêng tiyang 
ingkang sampun pinaringan ilhaming Pangeran, têgêsipun tiyang ingkang 
sampun tinarbuka papadhanging budi pangangên-angênipun (ciptanipun).
(Firman
 Allah yang demikian ini diajarkan para ahli (mursyid) kepada siapa yang
 diterima penghambaannya(salik). Dimana ajaran itu, kemudian teringkas 
menjadi 8 hal, penyampaiannya dengan cara membisikkan ke telinga murid 
sebelah kiri. Pemahaman semacam ini memberikan pengertian bahwa ilmu 
'kasampurnan' ini tidak seyogyanya diajarkan kepada sembarang orang, 
kecuali kepada orang-orang yang telah mendapat hidayah dari Allah SWT, 
artinya orang yang telah tercerahkan dirinya (ciptanya).)
Awit
 saking punika, pramila ingkang sami kasdu maos sêrat punika sayuginipun
 sinêmbuha nunuwun ing Pangeran, murih tinarbuka ciptaning sagêd 
anampeni saha angêcupi suraosing wejangan punika, awit suraosipun pancen
 kapara nyata yen saklangkung gawat. Mila kasêmbadanipun sagêd angêcupi 
punapa suraosing wêjangan punika, inggih muhung dumunung ing ndalêm 
raosing cipta kemawon.
(Barang siapa membaca tulisan ini 
seyogyanya berlandaskan permohonan kepada Allah, agar kiranya dapat 
terbuka ciptanya hingga mampu menerima dan memahami maknanya, karena 
makna dari ajaran ini ternyata sangat rumit/berbahaya. Maka bisanya 
memahami ajaran ini tidak lain hanya berada di dalam cipta - rasa 
pribadi.)
Mila inggih 
botên kenging kangge wiraosan kaliyan tiyang ingkang dereng nunggil 
raos, inggih ingkang dereng kêparêng angsal ilhaming Pangeran. Hewa dene
 sanadyana kangge wiraosing kaliyan tiyang ingkang dereng nunggil raos, 
wêdaling pangandika ugi mawia dudugi lan pramayogi, mangêrtosipun kêdah 
angen mangsa lan êmpan papan saha sinamun ing lulungidaning basa.
(Maka
 tidak boleh kiranya untuk didiskusikan dengan orang yang belum sampai 
atau belum mengunggal rasanya dengan kita, yaitu orang yang belum 
menerima hidayah dari Allah SWT. Walau demikian seandainya harus 
disampaikan kepada orang yang belum sampai, hendaknya disampaikan dengan
 sangat hati-hati, melihat situasi- kondisi, waktu dan tempat yang tepat
 serta disampaikan dengan kiasan bahasa yang indah.)
Mênggah wontêning wêwêjangan 8 pangkat wau, kados ing ngandhap punika:
(Delapan wejangan tersebut di atas, sebagaimana di bawah ini:)
I.1.
 Wêwêjangan ingkang rumiyin, dipun wastani: pitêdahan wahananing 
Pangeran, sasadan pangandikanipun Pangeran dhatêng Nabi Mohammad s.a.w. 
Makatên pangandikanipun: Sajatine ora ana apa-apa, awit duk maksih 
awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhihin iku ingsun, ora ana 
Pangeran anging ingsun sajatine kang urip luwih suci, anartani warna 
aran lan pakartiningsun (dat, sipat, asma, afngal).
(I.1 Wejangan
 yang pertama, disebut pelajaran akan sifat-sifat Allah. Sebagaimana 
firman Allah kepada Nabi Muhammad SAW yang bermakna kurang lebih begini:
 Sesungguhnya tidak ada apa-apa tatkala sebelum masa penciptaan, yang 
ada (paling awal) itu hanya Aku, tidak ada Tuhan kecuali Aku yang Hidup 
dan Maha Suci baik asma maupun sifatKu (dzat, sifat, asma, af'al).)
I.2.
 Mênggah dunungipun makatên: kang binasakake angandika ora ana Pangeran 
anging ingsun, sajatine urip kang luwih suci, sajatosipun inggih gêsang 
kita punika rinasuk dening Pangeran kita, mênggahing warna nama lan 
pakarti kita, punika sadaya saking purbawisesaning Pangeran kita, inggih
 kang sinuksma, têtêp tintêtêpan, inggih kang misesa, inggih kang 
manuksma, umpami surya lan sunaripun, mabên lan manisipun, sayêkti botên
 sagêd den pisaha.
(I.2. Yang dimaksud begini: Yang digambarkan 
tiada tuhan kecuali aku, hakekat hidup yang suci, sesungguhnya hidup 
kita ini adalah melambangkan citra Allah, sedang nama dan perbuatan kita
 itu semua berasal dari Kemahakuasaaan Allah, yang 'menyatu' ibarat 
matahari dan sinarnya, madu dengan manisnya, sungguh tiada terpisahkan.)
II.1.
 Wêwêjangan ingkang kaping kalih, dipun wastani: Pambuka kahananing 
Pangeran, pamêjangipun amarahakên papangkatan adêging gêsang kita 
dumunung ing dalêm 7 kahanan, sasadan pangandikanipun Pangeran dhatêng 
Nabi Mohammad s.a.w. Makatên pangandikanipun: Satuhune ingsun Pangeran 
sajati, lan kawasan anitahakên sawiji-wiji, dadi padha sanalika saka 
karsa lan pêpêsteningsun, ing kono kanyatahane gumêlaring karsa lan 
pakartiningsun, kang dadi pratandha.
(II.1 Wejangan yang kedua 
adalah : Pengertian adanya Allah., Wejangan ini mengajarkan bahwa elemen
 hidup kita ini berada pada 7 keadaan, sebagaimana firman Allah kepada 
Muhammad SAW yang maknanya begini: Sesungguhnya Aku adalah Allah, yang 
berkuasa menciptakan segala sesuatu dengan kun fa yakun dari qodrat dan 
iradatKu, yang demikian ini menjadi pertanda bahwa Allah Maha Kuasa atas
 segala sesuatu.)
II, 2. 
Kang dhihin, ingsun gumana ing dalêm awang-uwung kang tanpa wiwitan 
tanpa wêkasan, iya iku alam ingsun kang maksih piningit.
(II.2. Yang pertama, Aku ada dalam ketiadaan yang tanpa awal serta tanpa akhir, itulah alamKu yang Maha Gaib.)
II, 3. Kapindho, ingsun anganakake cahya minangka panuksmaningsun dumunung ana ing alam pasênêdaningsun.
(II, 3. Kedua, Aku mengadakan cahaya sebagai manifestasiKu, berada dalam kehendakKu.)
II,
 4. Kaping têlu, ingsun anganakake wawayangan minangka panuksma lan dadi
 rahsaningsun, dumunung ana ing alam pambabaraning wiji.
(II, 4. Ketiga, Aku menciptakan bayang-bayang sebagai pertanda citraKu, yang berada pada alam kejadian/penciptaan (mula-jadi).) 
II, 5. Kaping pat, ingsun anganakake suksma minangka dadi pratandha kauripaningsun, dumunung ana ing alaming gêtih.
(II. 5. Keempat, Aku mengadakan ruh sebagai pertanda hidupku, yang berada pada darah.)
II, 6. Kaping lima, ingsun anganakake angên-angên kang uga dadi warnaningsun, ana ing dalêm alam kang lagi kêna kaumpamaake bae.
(II, 6. Kelima, Aku mengadakan angan-angan yang juga menjadi sifatku, yang berada pada alam yang baru boleh diumpamakan saja.)
II,
 7. Kaping ênêm, ingsun anganakake budi, kang minangka kanyatahan 
pêncaring angên-angên kang dumunung ana ing dalêm alaming badan alus.
(II, 7. Keenam, Aku mengadakan budi, yang merupakan kenyataan penjabaran angan- angan yang berada pada alam ruhani.) 
II,
 8. Kaping pitu, ingsun anggêlar warana kang minangka kakandhangan 
sakabehing paserenaningsun. Kasêbut nêm prakara ing dhuwur mau tumitah 
ana ing donya iya iku sajatining manungsa.
(II, 8. Ketujuh, aku 
menggelar akal sebagai sentral/wadah atas semua ciptaanku. Enam perkara 
tersebut di atas tercipta di dunia yang merupakan hakikat manusia.)
Posted in:  
 
 
 
Beranda
 
  
 
  
0 komentar:
Posting Komentar